A. Pilihlah salah satu jawaban yang benar dengan memberi tanda silang (x) pada huruf a, b, c, atau d!
1. Wohing
kasusastran Jawa kang nyaritakake lakune paraga ing saperangan urip kang nabet (berkesan) lan biasane ora luwih saka 5000 tembung diarani …..
a.
Novel
b.
Cerkak
c.
Cerbung
d.
Cergam
2. Tokoh
ing cerita kang watak wantune becik,
tansah mbiyantu paragatama diarani tokoh …..
a.
Antagonis
b.
peri-perial
c.
figuran
d.
Protagonis
3. Carita
kang nyritakake saka klimaks banjur konflik nganti entek-entekan purnaning
crita iku nggunakake alur
a.
Maju
b.
Mundur
c.
Mundur
maju
d.
Campuran
Wacan 1
“Dinten Kartini
menika rak kangge ngurmati Raden Ajeng Kartini, awit piyambakipun sampun maringi tuladha ingkang kedah
dipuntindakaken putri Indonesia. Wanita Indonesia menika kedah sekolah lan
sinau supados saged sababag kalih para
priyanipun. Kamangka kebaya menika rak satunggaling
simbol kekiranganipun wanita, kados ingkang dipunngendikakaken Ki dhalang, bilih wanita menika asring kesrimpet tapih
kabotan pinjung.”
Jlentrehe
Palupi. (Kapethik saking
cariyos cekak: Antarane Kartini lan Palupi)
4. Pethikan
carita ing nduwur kasebut nuduhake perangan …..
a.
Amanat lan irah-irahan
b.
Tema lan setting
c.
Tema lan watak
d.
Setting lan paraga
5.
Wose crita kasebut
yaiku .....
a.
Palupi sarujuk
menawa mengeti dina Kartini
b.
Palupi ora sarujuk
karo pengetan dina Kartini
c.
Palupi sarujuk
menawa pengetan dina Kartini bocah putri padha nganggo kebaya lan jaritan
d.
Palupi ora sarujuk
manawa pengetan dina Kartini bocah putri padha nganggo kebaya lan jaritan
6.
Kepriye manut
panemune Palupi ngenani kebaya iku?
a.
Kebaya pinangka
simbol kaluwihane wanita
b.
Kebaya pinangka
simbol kasulistyaning wanita
c.
Wanita kang nganggo
kebaya tambah ayu lan luwes
d.
Kebaya pinangka
simbol kekurangane wanita
Bu
Marni :
“Kepriye ndhuk, kowe gelem
ora?”
Dewi : “Kula jane boten radi cocog
Bu, nanging kula ajrih
menawi
bapak duka.”
Bu
Marni :
“Ora cocog amarga apa
ndhuk? Apa merga bocahe
wis
tuwa?”
Dewi : “Boten Bu, amargi kula
sampun gadhah pilihan.”
7. Pacelathon sing
dirembug Bu Marni lan Dewi babagan ….
a. Dewi
ora cocog karo pilihane wong tuwane
b. Bu
Marni lan Dewi wedi karo bapake
c. Bapake
Dewi seneng nesu
d. Bu
Marni pengin rabi
8. Tokoh
Aku ing cerkak Sertifikatku iku jenenge ……..
a.
Pak Tegar
b.
Pak Yanto
c.
Pak Purwo
d. Pak
Wardaya
9. Tokoh
Pak Wardaya ing cerkak Sertifikatku nduweni watak …….
a.
seneng tetulung
b.
gampang nesu
c.
ngeyel
d.
Sabar
10. Amanat
kang kinandhut ing cerkak kena kanggo ……
a. tontonan
lan tuntunan
b. nambahi
sesanggane urip
c. kaca
benggala uripe manungsa
d. mangerteni
jati dhiri bangsa
Nanging
esuke, mruput banget. Sriyanto wis tekan omahe Hartini. Kagawa rasa kuwatir
kelangan priya papan ugeraning ati.
11. Pratelan
cerkak kasebut nuduhake perangan ……..
a.
tema
b.
setting
c.
alur
d.
paraga
12. Urutaning
crita saka wiwitan nganti pungkasan diarani …….
a.
setting
b.
tema
c.
alur
d.
konflik
13. Papan
lan wektu dumadine crita ing cerkak diarani ……….
a.
amanat
b.
konflik
c.
alur
d.
setting
Tindak-tanduke
Tini ana owah-owahane. Dheweke wis ora nggunakake dhuwite kanggo jajan utawa
dolanan. Dhuwit sangu sekolah utawa dhuwit sing ditampa saka wong tuwane,
age-age dilebokake celengan.
14. Miturut
pratelan ing ndhuwur watake Tini iku …..
a.
gemi
b.
ngebreh
c.
boros
d.
medhit
“Duwe
kerdhus pira Pak?”
“Ya
ana yen mung 40, ning dilangi nole alias 4” Jawabku sakenane.
“
Wooo ditakoni tenanan!” Karo mecucu.
“Lha
wong ora tau diklat kok ditakoni kerdus”. Wangsulanku
15. Sing
dikarepake kerdhus ana ing pethikan cerkak sertifikatku iku …….
a.
kerdhus karton
b.
sertifikat lemah
c.
kertas rosokan
d.
sertifikat pelatihan
Banjur sing taun
1995 pola 150 jam neng ngendi ya? Apa neng ngomah?”Pitakone batinku karo aku
ngeling-eling anggonku simpen sertifat mau.“Mbok menawa dadi siji karo SK Pembagian
Tugas ing rak buku ngomah!” batinku karo ngeyem-yemi atiku. Budhal Sekolah
motor age-age dakblandhange sakayange kareben cepet tekan ngomah. Bubar sholat
Duhur lan mangan age-age rak buku dakudhal-udhal kanggo nggoleki Sertifikat
Pelatihan. Dakklumpukkake mung ana 7, wiwit taun 2000-nan. Sing tahun 1995
meksa durung ketemu.
16. Pethikan
cerkak Sertifikatku ing ndhuwur nuduhake menawa Pak Tegar iku wong sing ……
a.
ora setiti, lalen
b.
setiti, ngati ati
c.
gemi, setiti
d.
pinter nyenyimpen
17. Apa
sing dikarepake: “dikeruk ngetuk,
disusruk mumbul” ana ing cerkak Sertifikatku iku?
a.
ora tau duwe dhuwi
b.
ora tau kentekan dhuwit
c.
dhuwite akeh banget
d.
dhuwite simpenan akeh
18. Cergam iku manawa ing istilah padha karo ....
a.
Komik
b.
Roman
c.
Gambar umbul
d.
Drama
19. Sajrone
praktek maca cerkak, ana bab kang kudu digatekake ing antarane wirasa,
tegese ….
a.
Ngucapake tembung kanthi cetha
b.
Solah bawa trep karo naskah cerkak
c.
Bisa mbedakake lan milahake siji-sijine
tokoh lan swasana ing cerkak
d.
Bisa nyuwarakake saben tokoh kanthi
becik
20. Ing
ngisor iki titikane cerkak, kajaba ….
a. Asipat
naratif
b. Nyritakake
sawijining tokoh
c. Asipat
fiktif
d. Asipat
argumentative
21. Serat Tripama menika
anggitanipun ….
a. Sri Mangkunagara IV c. R. Ng. Ranggawarsita
b. Sri Paku Buwana IV d. Sri
Paku Alam VIII
22. Serat Tripama
dipunanggit wonten ing sekar….
a. Sinom c.
Dhandhanggula
b. Asmaradana d. Mijil
23. Paraga ringgit ingkang
kangge patuladhan ing Serat Tripama inggih menika ….
a. Sumantri c.
Kumbakarna
b. Adipati Karna d. a, b, c leres
24. Harjuna Sasrabahu
menika ratu ing negari ….
a. Hastina c.
Ngalengka
b. Mahispati d.
Ngawangga
25. Raden Sumantri saged
kangge patuladhan jalaran ….
a. Raden Sumantri mbelani
negarinipun
b. Raden Sumantri netepi
tigang gegebengan inggih menika guna, kaya, purun
c. Raden Sumantri
nggadhahi watak satriya
d. Raden Sumantri
kepengin males kasaenanipun Harjuna Sasrabahu
26. Ingkang pikantuk
sebatan “ditya Ngalengka aji” inggih menika ….
a. Kumbakarna c.
Anoman
b. Sukrasana d.
Rahwana
27. Dasanamanipun tembung diyu ingkang leres inggih menika ….
a. buta, yaksa, wil,
danuja c. rewanda,
pragosa, wre, wil
b. yaksa, rewanda, maruta,
her d. bala kapi, diyu,
baskara, her
28. Watak awonipun Raden
Sumantri ingkang boten pantes dipuntulad inggih menika ….
a. mentala lan tegel
mejahi rayinipun piyambak
b. wani dhateng ratu
gustinipun
c. wani dhateng rakanipun
Rahwana
d. a lan b leres
29. Kumbakarna saged
kangge patuladhan jalaran ….
a. Kumbakarna netepi
sumpah satriya males kasaenanipun ingkang raka Rahwana
b. Kumbakarna nggadhahi
watak pinter, sugih kaprawiran, lan kendel
c. Kumbakarna anggenipun
majeng perang namung mligi mbelani nusa, bangsa lan negarinipun Ngalengka,
boten mbelani Rahwana ingkang angkara murka
d. Kumbakarna nggadhahi
watak satriya lan tansah mbelani ingkang leres
30. Surya Putra saged
kangge patuladhan jalaran ….
a. Surya Putra netepi
sumpah satriya lan badhe males kasaenanipun
Duryudana
b. Surya Putra netepi
tekad satriya tansah mbelani bebener
c. Surya Putra tansah
mbangun miturut dhateng Dewi Kunthi
d. Surya Putra tresna
dhateng sedherekipun para Pandhawa, senajan para Pandhawa menika benten bapa
31. Surya Putra menika
ratu ing ….
a. Ngalengka c. Ngawangga
b. Hastina d. Mahispati
32. Surya Putra kaliyan
Pandhawa menika pernahipun ….
a. sedherek tunggil bapa ibu c. sedherek tunggil ibu
b. sedherek tunggil bapa d.sedherek tunggil bapa benten ibu
33. Ingkang mejahi Surya
Putra inggih menika …..
a. Duryudana c. Adipati Karna
b. Werkudana d. Arjuna
34. Ibunipun Surya Putra
inggih menika ….
a. Dewi Citrawati c. Dewi Sinta
b. Dewi Kunthi d. Dewi Madrim
35. Serat Tripama
menika dipuntujokaken kage ….
a. sedaya tiyang
c. nem-neman
b. para prajurit d.
para siswa
Amenangi jaman edan,
Ewuhaya ing pambudi,
Melu ngedan ora tahan,
Yen tan melu anglakoni,
Boya keduman melik,
Kaliren wekasanipun.
Dilalah karsa Allah,
Begja-begjane kang lali,
Luwih begja kang eling lawan waspada.
36. Tembang ing ndhuwur iku tembang …..
a. Sinom c. Asmaradana
b. Dhandhanggula d. Mijil
37.
Tembang ing ndhuwur
iku cuplikan saka serat ….
a. Wulangreh c.
Wedhatama
b. Kalatidha d.
Bharatayuda
38.
Tembang ing ndhuwur anggitane …..
a. Sri
Sultan HB IX c. Sri Paku Buwana
IV
b. Sri
Mangkunagara IV d. R. Ng. Ranggawarsita
39.
Tembang ing ndhuwur ana 9 …..
a. pada c. gatra
b. guru wilangan
d. pupuh
40.
Asma timure R. Ng. Ranggawarsita yaiku
….
a. Raden Bagus
Burhanudin
b. Bagus Burhan
c. Raden Burham
d. Bagus Burham
0 komentar:
Posting Komentar